Wednesday, 11 March 2015

drama b.jawa parikan

Sugeng enjang, sugeng siang, sugeng dalu pemirsa, kepanggih malih kalihan kula Erna cikunyuk – kunyuk ing acara “salam 3 jari”.
Ing kesempatan ingkang mujur niki, kito sedanten saged kepanggih pak Pres kalihan Wapres. Monggo kito sambut Bp. J lan Bp. JK.

(kukuh lan agung metu karo tebar pesona)

Bp. J sumonggo panjenengan ngaturi sambutan.
K       : “ matur suwun sedoyo masyarakat Indonesia. Ing mriki kulo ngadaake 
              acara kangge sukuran. Ing kesempatan niki kulo nyuwun dongo lan
              pangestu panjenengan sedoyo lan kulo nyuwun supaya warga
              Indonesia bareng – bareng bantu mlakune pemerintahan kulo 5
              tahun lajeng.”
          Monggo Pak JK bilih menawi jenengan badhe ngejangkepi
A       : “kulo namung badhe jangkepi pidatonipun Bp J.
             Dalan sepur diliwati, pingin makmur ojo korupsi. Salam 3 jari”
(pak J,,pak J)

          Monggo bapak kalihan ibu minggah menyang panggung
K       : “pripun bu kabare??”
J        : “reti ulo, langsung tak dupak. Kabare kulo, sae pak”
K       : “ning pasar ketemu tukang, pripun kabare kang”
H       : “ kabare kula sae pak”
K       : “jenengan saking pundi?”
J        : “kula saking sumatera pak”
K       : “ yen jenengan saking pundi pak ? “
H       : “kula saking Madura”
A       : “ kerjaane sampeyan nopo pak ? “
H       : “ kerjaane kula nyapu dalan.”
A       : “ nak sampeyan buk ? “
J        : “ kula supir taxi pak “
A       : “ning pasar tuku sudi, garwane jenengan pundi?”
J        : “kulo niki singgel parent pak, wong kulo sampun cerai 4 tahun niki.
             Nggih kantun putrane kulo ingkang ngrencangi kulo.”

E       : “kue iki wes rondo, rondo tuo anakmu 5.??”
J        : “putrane kulo 2 bu,, mboten 5.”
K       : “nk panjenengan pak??”
H       : “kulo?? Garwo?? Nikah mawon dereng kok pak”
A       : “ nggih ngapuntene pak.”
H       : “memang kini nasib jadi bujangan..”
E       : “sampun pak,,sampun. Panjenengan mboten usah nyanyi”
H       : “ lhoo kengeng nopo pak,, ??”
A       : “nopo panjenengan mboten isin wong ditingali tiyang katah”
H       : “kulo niki PD kok pak”
J        : “tuku sate lodeh, dipangan karo tempe okeh
              Pede yo oleh, nanging ojo karo ndobleh “
K       : “lungo pasar tuku lembu, panjenengan kok pinter bu”
A       : “wes – wes wong sing bapak’e iku mou di kon meneng kog malah sing iki
             di puji nganti ape mumbul”

J & H : “nyuwun sewu,,niki tasih dangu??”
E       : “nggih mpun, amargi sampun podo miber semangate, langsung mawon.
             Nopo pendapate bapak lan ibu kalihan pemerintahane Bp. J??”
J        : “harapane kulo nk saged nggih bensin ampun diundhakke. Wong kulo
              niki supir taksi, kulo nggih mikir bensin pak.”
H       : “nggowo takir isi gule, mangan kupat lawoh babat. Aja mikir awakke
              dewe, delengen rakyat kang mlarat”
K       : “omah gendheng tak saponane, abot enteng tak lakonane”
E       : “nopo pesene panjenengan kangge pres lan wapres??”
H       : “iwak teri dipangan jarwa, ojo janji tapi nyata.”
J        : “kursi goyang sikile papat, nek berjuang ojo golek pangkat.”
E       : “maturnuwun kagem pendapate bapak lan ibu. Lan maturnuwun kangge
Bp J lan Bp JK.”


Mboten krasa kito sampun ing akhir acara, bilih menawi wonten kalepatan kulo nyuwun ngapuro. Wassalamualaikum Wr. Wb


0 comments:

Post a Comment